Kamis, 18 Desember 2014

Modifikasi Kopi Luwak dadi Kopi Kucing

Yuswo mertamu nang omahe Supri disuguhi kopi. Jarene kopine enak temenan, soale Supri bolak-balik ngelem kopi sing disuguhno. Yuswo akhire nyruput kopi soale penasaran rasane.

Yuswo: "Iki kopi opo sih, kok rasane rodo kecut?"

Supri : "Iku kopi istimewa, meh podo karo kopi luwak sing larang iku."

Yuswo : "Woo ngono ta, kopi opo jenenge?"

Supri : "Kopi kucing, aku nggawe dewe..."

Yuswo : "Opo iyo kok jenenge kopi kucing?"

Supri : "Soale diolah lewat kucing, nek kopi luwak kopine dipangan luwak ndisik sakdurunge diolah, kopi kucing iki dipangan kucing sakdurunge diolah dadi kopi bubuk.
Aku terinspirasi karo kopi luwak, cuma cek gampang aku nggawe kucing ae."

Yuswo : "Kucing doyan kopi ta, Pri?"

Supri : "Sakjane yow ora, kopine tak gerus rodo kasar, trus tak campur iwak asin, mari ngono tak pakakno kucing."

Yuswo wetenge wis mulai rodo mules,

Yuswo : "Terus yok opo proses e, Pri?"

Supri : "Kopine kan metu bareng taek kucing, terus gerusan kopine disaring, dikumbah terus dipepe sampek garing, terus digiling maneh sampek halus. Lha iki kebetulan awakmu sing pertama nyobak kopi kucing, wong yo durung onok sing tak suguhi kopi kucing iki, aku dewe arep nyoba kok yo gak kolu... Yok opo Yus, rasane?"

Yusswo: "Azzu.... Azuuuuu tenaaann.... koen Azzuuu ...!!! Iki duduk kopi kucing, Pri, tapi nek iki yo taek kucing jenenge!"

Supri : " wkwkwkwkwk "

Tidak ada komentar:

Posting Komentar