Kamis, 18 Desember 2014

cekikikan wae

Robot Pelayan Restoran Neng Jepang

Seminggu neng Jepang Pakdhe karo Budhe akhire nemu restoran masakan Indonesia. Pelayane Robot. Robot teko nyedaki Pakdhe, trus ngomong :

"What is your nationality?", robot takon.

"Indonesia" jare Pakdhe.

"Selamat datang", jare robot nganggo bahasa Indonesia.

"Apa bahasa suku Anda?", robot takon meneh.

"Jawa", jare Pakdhe

"Sugeng siang. Badhé pesen nopo?" Jare robot nganggo boso jowo.

"Canggih yo bu?", Pakdhe ngomong karo Budhe.

Budhe : "Ono lotek?", ibune takon karo robot.

Robot : "Ono."

Budhe : "Pesen rong porsi."

Robot: "Porsi gedhe opo cilik?"

Budhe : "Porsi gedhe."

Robot : "Lomboke piro?"

Budhe : "Sing siji loro, sing siji sepuluh."

Robot : "Nganggo kangkung?"

Budhe : "Yo."

Robot : "Nganggo timun?"

Budhe : "Yo."

Robot : "Nganggo kol?"

Budhe : "Yo."

Robot : "Nganggo kol jowo opo kol asli Jepang?"

Pakdhe : "Sing endi wae lah manut!", Pakdhe wiwit rodo nesu.

Robot : "Kacange diuleg opo diblender?"

Pakdhe : "Kuarepmu!"

Robot : "Kacange setengah mateng opo mateng?"

Pakdhe : "Goréng sing gariiiiiiing..!!"

Robot : "Nganggo bawang goreng rak?"

Pakdhe : "Nganggo..., asu!" Pakdhe misuh banter banget.

Robot : "Dipiring opo dipincuk?"

Pakdhe : "Dipiring !"

Robot : "Lengone nganggo margarin opo minyak kelapa?"

Pakdhe : "Jelantah... wedhus!! !" Nesu banget soale wis sepuluh menit dhewe.

Robot meneng, lampune byar pet kelap kelip kayane lagi diproses. Kiro-kiro telung menitan robot'é ngomong meneh:

Robot : "Maturnuwun. Pesenan tak tompo. Mung rak iso di suguhake..."

Pakdhe : "Nopo? Aku wis ngenteni suwe banget, tanya-jawab karo kowe, kok rak iso nopo to ndes?", jare Pakdhe emosi.

Robot : "Soale durung ono asune karo wedhuse..."

Pakdhe : "Jiancuuuk...Iso edan aku! Ayo bu lungo, rak usah nguntal neng kene !!! ", Pakdhe minggat teko restoran karo ngedumel ae...
Modifikasi Kopi Luwak dadi Kopi Kucing

Yuswo mertamu nang omahe Supri disuguhi kopi. Jarene kopine enak temenan, soale Supri bolak-balik ngelem kopi sing disuguhno. Yuswo akhire nyruput kopi soale penasaran rasane.

Yuswo: "Iki kopi opo sih, kok rasane rodo kecut?"

Supri : "Iku kopi istimewa, meh podo karo kopi luwak sing larang iku."

Yuswo : "Woo ngono ta, kopi opo jenenge?"

Supri : "Kopi kucing, aku nggawe dewe..."

Yuswo : "Opo iyo kok jenenge kopi kucing?"

Supri : "Soale diolah lewat kucing, nek kopi luwak kopine dipangan luwak ndisik sakdurunge diolah, kopi kucing iki dipangan kucing sakdurunge diolah dadi kopi bubuk.
Aku terinspirasi karo kopi luwak, cuma cek gampang aku nggawe kucing ae."

Yuswo : "Kucing doyan kopi ta, Pri?"

Supri : "Sakjane yow ora, kopine tak gerus rodo kasar, trus tak campur iwak asin, mari ngono tak pakakno kucing."

Yuswo wetenge wis mulai rodo mules,

Yuswo : "Terus yok opo proses e, Pri?"

Supri : "Kopine kan metu bareng taek kucing, terus gerusan kopine disaring, dikumbah terus dipepe sampek garing, terus digiling maneh sampek halus. Lha iki kebetulan awakmu sing pertama nyobak kopi kucing, wong yo durung onok sing tak suguhi kopi kucing iki, aku dewe arep nyoba kok yo gak kolu... Yok opo Yus, rasane?"

Yusswo: "Azzu.... Azuuuuu tenaaann.... koen Azzuuu ...!!! Iki duduk kopi kucing, Pri, tapi nek iki yo taek kucing jenenge!"

Supri : " wkwkwkwkwk "